Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 / Ganjil

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Selamat datang di blog SoalUlanganTes.blogspot.co.id

Pada kesempatan kali ini akan kami bagikan contoh latihan Soal UAS / Ulangan Akhir Semester 1 (Ganjil) Kelas 9 / IX SMP / MTs Mapel Bahasa Jawa yang dapat didownload pada postingan ini.

Cuplikan Soal Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1/ Ganjil


Wacan 9

“Sampun pak, kula sampun mantep nyuwun pitulunganipun bapak.”

“O .... sanes dhateng kula nak, ning dhateng dhanyangipun redi Srandil mriki,” mbah Jenggot ngleresaken. Salajengipun :

“Ning nggih punika nak, wonten unen-unen, “Jer Basuki mawa bea”. Mas Marto ngertos kajengipun mbah Jenggot, tumunten mangsuli :
“Inggih pak kula ndherek,” mbah Jenggot tumuli nilar Mas Marto kaliyan Mas Dirjo mlebet senthong ngantos sawetawis wekdal, saperlu ngaturaken kekajenganipun mas Marto dhateng dhanyangipun redi Srandil, inggih mbah Bewok. Sareng medal mbah Jenggot criyos :
“Panyuwunan panjenengan dipun kabulaken, nak dening mbah Bewok, saratipun penjenengan kedah siam ngebleng wonten senthong tigang dinten tigang dalu. Yen sampun rampung, panjenengan lajeng tindak mriki. Dene donganipun ngaten : “Mbah Bewok kula nyuwun bantuanipun supados saget sugih bandha.”
Contoh Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 ktsp k13

43. Sapa jenenge dhanyang Gunung Srandhil iku?
a. Mas Marto
b. Mbah Jenggot
c. Mas Dirjo
d. Mbah Bewok


44. Panyuwunan panjenengan dipun kabulaken dhayangipun redi Srandhil . Tembung liya dhanyang yaiku.....
a. Juru kunci
b. Sing mbahu reksa
c. Sing tunggu makam
d. Wong sing dipercaya nunggu papan kramat

45. Apa tegese “Jer basuki mawa beya?”
a. Sing kepengin mujur kudu jujur
b. Sapa sing nduweni gegayuhan kudu mantep atine
c. Menawa kepengin mukti mbutuhake  ragad lan pengorbanan
d. Kabeh gegayuhan mbutuhake tekad lan semangat kanggo mujudi gegayuhan mau

46. Penjenengan kedah siam ngebleng wonten senthong tigang dinten tigang dalu. Ingkang dipunkajengaken siam ngebleng inggih menika .....
a. Pasa mutih, nyirik uyah
b. Pasa, mung mangan krowodan: tela, uwi, tales.
c. Pasa, anggone buka mung gedhang sauler
d. Pasa ora nganggo saur lan buka, ora mangan apa-apa

47. Amanat kang bisa dijupuk  ing cerkak dhuwur yaiku.....
a. Aja percaya marang dukun lan nindakake kemusrikan
b. Gelema pasa supaya kabeh gegayuhan bisa dikabulake
c. Sapa sing kepengin mukti perlu perjuangan
d. Tansah lung-tinulung marang sapadha-padha

Wacana 10

“Bubar upacara bendera, kowe diundang Pak Broto ana ruang kepala sekolah!” kandhane Antok minangka ketua kelas loro SMP Teladan marang aku.
Aku mung manthuk.Sabanjure, aku muter dalan nuju ruang kepala sekolah. Pikiranku kebak pitakonan, ana apa nganti kepala sekolah nimbali aku. Kamangka kepala SMP Teladan nggonku sinau iki wis kawentar wong kang disiplin, galak, lan ora wigah-wigih menehi ukuman marang guru utawa murid sing dianggep mbangkang prentahe.
48. Kang dadi paraga utama (tokoh sentral) ing pethikan cerkak kasebut yaiku ....
a. Pak Broto
b. Ketua kelas loro
c. Antok
d. Aku

49. Kedadean crita kasebut dumadi ing wanci ....
a. Esuk
b. Awan
c. Sore
d. Bengi

50. “Bubar upacara bendera, kowe diundang Pak Broto ana ruang kepala sekolah!”
Ukara kasebut yen didaekake basa krama alus .....
a. Bubar upacara bendere, sampeyan didhawuhi Pak Broto ing ruang Kepala sekolah
b. Bibar upacara bendera, jenengan dibeluk  Pak Broto wonten ruang Kepala sekolah
c. Bibar upacara bendera, panjenengan dipunaturi Pak Broto wonten ing ruang kepala sekolah
d. Bibar upacara bendera, panjenengan dipuntimbali Pak Broto wonten ruang kepala sekolah


Silakan klik link di bawah untuk men download soal selengkapnya 

Demikianlah contoh Soal UAS / Ulangan Akhir Semester 1 (Ganjil) Kelas 9 SMP / MTs Mapel Bahasa Jawa yang dapat kami bagikan.. Semoga Bermanfaat.

Post a Comment for "Contoh Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 / Ganjil"